Raden Tarulintang Ayue Dewi Arum Sari saking Kerajaan Cirebon, gawe akeh para pinangeran pengen nyoba kanggo mikat hati Dewi Arum Sari. Tetapi Dewi Arum sari ora kepencut karo para Pinangeran.
Raden Tarulintang
![]() |
Cerita Bahasa Cirebon - Raden Tarulintang |
Ayue Dewi Arum Sari saking Kerajaan Cirebon, gawe akeh para pinangeran pengen nyoba kanggo mikat hati Dewi Arum Sari. Tetapi Dewi Arum sari ora kepencut karo para Pinangeran.
Dewi Arum Sari inget bae karo salah sawijie wong lanang sing pernah nulung, nalika deweke diserang perampok. Sayange wong lanang mau, langsung lunga sawise nulung Dewi Arum Sari. Ora nyebutaken aran lan asal usule. Wong lanang mau gawe Dewi Arum Sari kebayang bae saben dina. Najan Dewi Arum Sari jatuh hati kelawan dedeg pengadege wong lanang iku. Dewi arum Sari bli pernah ngungkapaken perasaane marang ramane. Sebab Dewi Arum sari ngerti, yen ramane pengen pisan duwe mantu Pangeran.
Dewi Arum Sari najan deweke ayu, tapi ora gawe atine Dewi Arum Sari seneng. Dewi Arum Sari diculik ning salah sawijine Raksasa kang diarani Wira Gora, sebab musabab karena ning ayune. Para prajurit langka sing bisa ngalangi Raksasa iku. Ramane ngenes kelangan Dewi Arum Sari. Terus ramane gawe sayembara, sapane wong sing bisa balikaken Dewi Arum Sari, yen wadon bakal didadekaken anak, yen lanang bakal dikawinaken karo Dewi Arum sari. Anae sayembara iku, wong sing sekabeh negeri pada usaha pengen bebasaken Dewi Arum Sari. Diantara salah sawijie wong sing melu sayembara yaiku Raden Wira Santika. Kang wis kawentar ilmu kanuragane. Wong-wong kang pada melu sayembara segen marang Raden Wira Santika, tapi karena tawaran hadiahe lumayan, akhire pada meluan.
Sementara iku, ning sajerone alas, Wira Gora kang gawa Dewi Arum Sari, ketemu karo Raden Tarulintang.
Raden Tarulintang yaiku pemuda kang jumeneng ana ning alas, lan geguru dening Ki Tapak Jagat. Raden Tarulintang kang ngerasa kenal , waktu nulungi diserang perampok, deleng Dewi Arum Sari ana ning tangane Raksasa Wira Gora, berusaha pengen mbebasaken Dewi Arum Sari. Tapi kesaktian Wira Gora bli bisa ditandingi karo Raden Tarulintang. Raden Tarulintang kalah tandinge. Wira Gora mlayu marani ning panggonane. Raden Tarulintang kang babak belur ditulungi ning Ki Tapak Jagat.
Konon,Raden Wira Santika lan wong-wong kang pada melu sayembara manjing ning alas ngulati Dewi Arum sari. Raden Wira Santika kang pengen oli Dewi Arum Sari, gawe jebakan, kanggo para peserta kang melu sayembara. Supaya bli bisa nerusaken sayembarae. Tinggal Raden Wira Santika bae siji sing melu sayembara.
Raden Tarulintang diobati dening Ki Tapak Jagat. Raden Tarulintang ngrasa kenal karo Dewi Arum Sari. Raden Tarulintang diajari ilmu anyar kanggo ngalakaken raksasa Wira Gora. Raden Tarulintang blajar ilmu kelawan temen tinemenan. Sebab ngarasa jatu hati kelawan Dwi Arum Sari.
Raden Wira Santika kang ngulati Wira Gora akhire ketemu karo Dewi Arum Sari. Waktu adep-adepan, Wira Gora langsung tunduk lan hormat ning Raden Wira Santika. Ternyata Raden Wira Santika yaiku wong kang ngongkon Wira Gora nyulik Dewi Arum Sari. Karena deweke dendam lantaran lamarane ditolak, lan pengen maksa supaya kelakon dadi rabie. Anae sayembara dadi kesempatane Raden Wira Santika, supaya bisa kelakon lan kawin secara syah, karo Dewi Arum Sari.
Kabar yen Wira Gora anak buahe Raden Wira Santika kaweruan dening Dewi Arum sari. Raden Wira Santika ngrayu kelawan segala cara. Tapi Dewi Arum sari tetep ora gelem dadi rabie Raden Wira Santika. Kelawan nganggo ilmu sing Wira Gora, Dewi Arum Sari digawe seneng lan kedanan ning Raden Wira Santika. Kekuatan ilmue ora ana wong sing bisa ngilangaken. Akhire Dewi Arum Sari gelem dinikahi. Upacara pernikahan bakal dianakaken ning istana cerbon. Lajeng, Raden Wira Santika mangkat nyerahkaken Dewi Arum Sari marang ramane.
Sawise dirasa cukup ilmue, Raden Tarulintang nemoni Wira Gora. Pertarungan Raden Tarulintang kelawan Wira Gora, akhire kedadian. Wira Gora bisa ditalukaken. Namun Raden Tarulintang bli ndeleng anae Dewi Arum sari. Wira Gora dipaksa supaya ngupai weru ning endi anae Dewi Arum Sari. Akhire Wira Gora ngomong yen Dewi Arum Sari, wis digawa balik ning Cerbon karo Raden Wira Santika. Jare Wira Gora, Raden Tarulintang usahae ora bakal oli hasil, lantaran Dewi Arum Sari ana sajerone pengaruh ilmue. Bisa ilang pengaruh ilmue lamon bisa nyekel Mustika Ular. Demi tresnane marang Dewi Arum sari, Tarulintang lunga ngulati Mustika Ular.
Dewi Arum Sari lan Raden Wira Santika teka ning Istana. Kabeh pada bunga lan seneng satekae Dewi Arum sari. Tapi penasehat raja ora seneng ning Wira santika. Penasehat iku weru yen kelakuane Wira Santika sering nindas rayat cilik. Penasehat kawatir ning keanane rayat, lamon Wira Santika diangkat dadi raja ning Cirebon. Ramane Dewi Arum Sari bli bisa ingkar janjine. Ngawinaken wong lanang kang bisa nyelametaken Dewi Arum Sari. Apa maning saiki Dewi Arum Sari wis kena pengaruh ilmue Wira Gora, katon kedanan demen Wira Santika.
Acara pernikahan telung dina maning.
Liwat wis telung dina, acara pernikahan Wira Santika lan Dewi Arum sari bakal digelar. Ramane Dewi Arum Sari katon pasrah. Wis pirang-pirang tabib lan wong pinter, kang ngumpet-ngumpet dikongkon marasaken. Tapi laka sawijie wong kang bisa.
Ning pungkase acara pernikahan, Raden Tarulintang teka gawa mustika ular. Raden Tarulintang berhasil marasaken Dewi Arum Sari.
Wira Santika mengkel, ora terima lan nyerang Raden Tarulintang. Terjadi tanding, adu ilmu kanuragan, lawas jamane. Akhire Raden Tarulintang bisa ngalakaken Wira Santika. Dewi Arum Sari bunga atine deleng Raden Tarulintang, wong lanang kang lawas diimpi-impiaken. Akhire raja ngawinaken Raden Tarulintang kelawan Dewi Arum Sari. Sateruse Raden Tarulintang diangkat dadi Patih jejuluk Dipati Arya Kusuma.
Sekian Cerita Raden Rarulintang bahasa cirebon.
terimakasih sudah berkunjung :)
COMMENTS